Ponokawan: Esensi Khalifah Dunia
Kanca-kancaku akeh, Truk! Model sing senengane ngombe ciu yo ono, jare nek ora nyiu malah marai ngelu. Model tatoan sak awak, sak rai, yo ono. Ngeri!
Sak awak sak rai, kui po yo wis tau weruh tekan njero, Gong? Sing genah nek ngomong.
Yo weruh to, Truk. Wong yo aku tau turu bareng.
Wah, ngeri tenan nek kui. Turu kok bareng.
Tapi to, Truk. Aku dadi iso nyekseni kuwasane Gusti, yen Gusti iku Moho Welas Asih. Nek ora ngono, Truk. Sng model-model ngono kui ra bakal urip kepenak. Nyatane yo ngombe ciu isih iso karo prengas-prenges. Seng maune ditato, yo sak iki iso nato liyane. Malahan gambare yo apik-apik. Iki nek udu welas-asihe & kuwasane Gusti, ra bakal iso. Yo ra? Dadi wong-womg ngono kui kudune di rangkul, ora di idak-idak. Tembunge dadi Khalifah, dadi pemimpin kok malah isone ngidak-idak. Dogleng!
Iyo, Gong. Betul. Meneng-meneng kowe yo pinter.
Matamu ah!
Teks asli di publikasikan pada tanggal 14 Oktober 2020.
Gabung dalam percakapan