Ponokawan: Kudu Sumeleh
Abot, Gong, abot tenan.
Piye ra abot, koleksine ae pancere seko Jazirah Arab. Aduh, aku mung opo, Gong? Ra ono sing iso di banggake dening aku. Wes semrawut, uripe amburadul, brantakan. Noto awak wae ra biso, opo maneh noto awake wong, Gong, Gong. Piye, Gong?
Ning yo masio semrawut, amburadul karo brantakan ngene. Kit ndisik kan awakmu ngerti dewe? Aku ora ninggal Gusti. Malahan aku mesti nyeloteh: nggih, monggo, Gusti, kulo bade di keplak-keplake wonten bumi, di jungkir-jungkirke nggih monggo. Tresno kulo mring Panjenengan boten ajeng luntur senajan tekdire, mergine, lakone kulo kados ngeten abote. Sinten ngertos sedanten niki carane Panjenengan nguji roso setyo kulo wonten Panjenengan. Kulo boten mundur, boten luntur. Malahan menawi ajeng mekaten terus, nggih monggo menawi kados mekaten saget damel Panjenengan nganggep kulo abdi kang sendiko dawuh wonten sedanten katetepan Panjenengan. Menawi kulo boten nurut kalian Panjenengan, kalih sinten malih kulo bade nangis, bade nyuwun panyuwunan, pangarepan, sak lajengipun? Monggo, Panjenengan kerso, kulo tampi kanti legowo.
Abot to, Gong?
Ning yo ra popo. Aku tetep mesem, tetep guyu, tetep ngabdi. Pancen wis dalane ngene. Yo wes, ra popo. Piye maneh. Wayang tetep nurut Dalange, Gong. Kudu sumeleh.

Gabung dalam percakapan