Kehidupan Seperti Bola
Gusti Maha Guyon
Sekitar 3 wulan kepungkur aku menyang pasar buku ning kuto Atlas, aku gegolek buku karyane Mbah Rumi judule "Fihi Ma Fihi", mengkono kuwi kabeh panggonan sing tak parani podo mangsuli "Ora nduwe kabeh buku sing tak arani". Ndilalahe, pikirane kelingan menyang Dalang nyentrik Ki Tejo Tali Jiwo. Panggonan terakhir tak parani, akhire buku kui mau ono gur kari siji kontal-kantil. Judule "Lupa Endonesa DEUI".
Yo wes, onone gur kui. Jane pingin ngarani seng "Gusti Maha Asyik" hahaha. Nanging entek.
Alhamdulillah nek entek, berarti dapurane Ki Tejo ngebul terus.Ndek wingi dino Sebtu Pon, aku di-SMS karo konco lawasku. Jare nembe jogo stand ning Graha Wanito. Aku takon "Ning kono ono bukune Mbah Tejo ora?" Balese singkat tur jelas "Ora ono ndik nek buku babagan Jowo, anane sing Islami". Tak balesi maneh "Ono bukune Jalaluddin Rumi?" Balese "Ono ndik, nanging judule 'Fihi Ma Fihi', ra ono liyane."
Batinku, o lha dalah. Lha kok malah ngene.
Sorene tak parani, pisan ketemu konco, ping pindone awakku ngeroso ono sing aneh karo totalane duit kui mau. Sak lebare tak takoni "Iki totale ora kleru to?" jawabe "Ora, kui nembe ono potongan".
Lha mayan tenan iki guyonane seng gawe urip.
Wes, tekan omah langsung tak woco... spreneOjo lali "Gusti Maha Guyon"
Nek ra kuat olahraga sek, utowo tinggal turu.
Bar kui mlaku ngglinding maneh.
Hahaha.
Teks asli dipublikasikan pada tanggal 8 November 2017.
Gabung dalam percakapan