Sumber

Ponokawan: Pipi Karo Bokong

Heuheuheu. Truk!
Opo.
Jaman sak iki kabeh kewalik-walik yo.
Yo iyo, koyo rupamu, kewolak-walik.
Jangkrik! 
Kok ora wedus sisan?
Kirik!
Kok ora pitik sisan?
Aku mau bar ditakoni uwong, pitakone ngene Truk, rungokno.
Yo aku iseh ngrungoke lambemu.
Aku mau ditakoni ngene "Den Bagong, Sampeyan niku pinter. Cobi kulo tak nyuwun tulung padoske alamat niki mbeto peramban." Wah, asem i.
Woo, lha modar matio koe. Mesti ra iso!
Ora Truk, ora. Aku malah bingung. Lha tulisan nang SDku mbiyen "Malu bertanya sesat di jalan." berarti sing takon lak yo wong pinter o.
O iyo, yo, Gong. A terus?
Ora tak teruske, a aku mesti lagi dikerjani wong pinter. Malah tak onek-onekke.
A kui yen tegese pipi karo bokong podo ae.
Heuheuheu.


Teks asli di publikasikan pada tanggal 10 Agustus 2020.
Bukan siapa-siapa. Hanya pejalan biasa
Teks berhasil disalin!