Arep Nyetatus Opo?
Arep nyetatus opo yo rek? Rasane abot nek di dadekno kata-kata. Gambar iki sembarangan, ra usah di pikir nemen-nemen. Soale yo emang gak tak pikir gawene.
Kadang sok ono seng nge-inbox, takon wongan. Wong aku udu seniman kok di takoni. Aku yo udu penyair, tapi kadang sok ono seng muni ngono. Yo udu penulis, tapi yo ono seng muni ngono. Wes tak gawe luweh, karepne ben seneng. Wong aku yo gak iso gawe deweke seneng.
Nek arep ndurusi kekarepane uwong yo bobrok awake dewe, yo ra? Koyo dawuhe Imam Syafi'i:
“Engkau takkan mampu menyenangkan semua orang. Karena itu, cukup bagimu memperbaiki hubunganmu dengan Allah, dan jangan terlalu peduli dengan penilaian manusia.”
Ning yo ojo terus takon aku, jal aku dudohno Imam Syafi'i tak krungu langsung. Ojo ngono. Wong aku kenal wae yo ora.
Yo wes ngono wae, matur nuwun seng geleman moco tekan rampung.
Teks asli di publikasikan pada tanggal 9 Juli 2018.
Gabung dalam percakapan