Wong Sekti Iku Wong Kang Sabar
Elingo dulur, yen wong sekti iku wong kang sabar
Wong kang sabar narimo wolak-walik ing gesang
Wong kang sabar narimo titahing Gusti Kang Murbeng Dumadi
Mulo iku ora sah meri marang sekabehane
Amergo sejatining urip iku namung ayang-ayang
Kang diatur tur ono sing ngatur
Lelakune mulyo tumrap marang jalmo
Yo iku trimah mawi pasrah marang Kang Maha Suci
Soho sepi ono ing pamrih ugo tebih ajrih
Mugo dulur, dadio kito wong kang sumeleh
Dumadining Dzat kang tanpa winangenan
Soho madep mantep manembah mring Illahi
Nuwun
Nuwun
Nuwun
Maturnuwun
Rahayu mulyaning jagat
Teks asli di publikasikan pada tanggal 19 Oktober 2018.
Gabung dalam percakapan