Ponokawan: Soal Bukti Pemindahan
Gong!
Opo
Jare ono travel mlebu dimensi liyo, tembus ngalas malah. Dalane alus mulus, ngerti2 mblusuk tengah alas.
Oo ae nek aku, biasa ae.
Lhoo...!
Aku wingi kui wis tau ngomong to Puk, Krupuk, ehh Petruk! Babagan selong. Kui mung ilmune sing gawe urip.
Looh! Mulai nglenyer iki!
Raimu ah! Iku ilmune sing gawe urip, tegese yen ning kitab kae ono cerito mindahno singgasono, terus lanang2 jago mlebu guo, jebul nang jero guo wis 50 taun, eeh 50 opo 300 yo Truk!? 300 ae sing gede angkane! Iki ono buktine tekan sak iki. Orang meng tulisan tok! Mindahno singgasana, demit yo seko kersane sing gawe urip iso mindahno travel. Nang jero guo 300 taun, demit yo iso gondol raimu iku dijak nang omae kono, krosomu mung sak jam jebul kene sing goleki sedino sewengi. Naah! Ngono kui. Ojo kagetan, ojo gumunan. Gusti mung kepengen ngekei ngerti sak tenane, sak estune, sak benere, sak penere. Malah turu arep critani nabi2. Heuheuheu.
Teks asli di publikasikan pada tanggal 21 Oktober 2020.
Gabung dalam percakapan